Ing ngisor iki tuladhane cangkriman.
1. Cangkriman Pepindhan
- Pitik walik saba meja = sulak
- Lawa lima kalong telu = wolu
- Ora bakal mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong = kates
- Tibane mengisor digoleki mendhuwur = kebocoran
- Sing ngarep ireng, sing mburi ireng, tengah-tengah methentheng = wong mikul areng
- Bosok neng enak dipangan = tape
- Sawah rong kedhok galengane sithok = godhong gedang
- Awake ijo, sirahe abang mlakune mundhur = obat nyamuk
- Slulap-slulup ing kebon = dom
- dileboke malah metu meneh = nglebokna kancing
- Bocah cilik nggendhong omah =kura-kura, besusul, lsp
- anake nangis, simboke njait, bapake udud = sepur
2. Cangkriman Plesedan
- Wong mati dilumpati kucing urip = sing urip kucinge dudu wong mati
- Wong meteng ngethokna wedhus = wedhus ditokake saka kandhang
- Bakul sate dibakari = sing dibakar satene
- Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam-mesem wong nunggoni
- Mbok Siyah ketiban cowek dadi sambel = lombok trasi uyah diuleg dadi sambel
- Ana sirah ancik-ancik gulu = sirah pancen ancik-ancik gulu
3. Cangkriman Wancahan
- Setengah tuwa lemu ginuk-ginuk = setu legi
- Seneng lan sayang pol-polan = selasa pon
- Sepine kaya kuburan = sekakuran
- Pakboletus = tapak kebo lelene satus
- Yumaerong = yuyu omahe ngerong
Tidak ada komentar:
Posting Komentar