Kamis, 21 Januari 2016

TERORIS

Kamis, Januari 21, 2016 1 Comments

Akhir-akhir iki lagi panas mbahas bab teroris. Kang nembe wae yaiku teror kang dilakoni karo teroris yaiku ana ing kafe kopi Starbuck ing Sarinah Thamrin. Yen dilamun sediluk, bom  iki narik kawigaten. Apane sing narik? Sing narik yaiku tanggapan saka wong-wong. Wiwit settingan lah, terorise iku kurang koordinasi, mbahas wong selfi nalika ana teror, polisi ganteng lan sapanunggale. Hmmmm, menawa panci jamane wis beda.

Apa ta bedane? Jaman canggih iki kang dolanan media sosial kaya pacebook, twiteer, apa waceup akeh nganggo banget. Dadi kang kudune teror iku nggawe geger lan wedi, karo bebrayan internet utawa jeneng kerene netizen malah dadi guyonan. Ana wae kang nggawe meme lucu kang ana gandheng cenenge bom Thamrin wingi.

Beda jamane Bom Bali, Oooo jajal ana sing nggawe guyon, mesti bakal direbut haters. Kenapa bakal direbut haters? Lha iya, wong bom Bali kuwi korbane akeh banget saka rakyat sipil. Dening bom Thamrin wingi akeh saka pelakune dhewe. Ananging, kabeh kuwi padha-padha musibah tumprap rakyat Indonesia.



Ngomong bab teror, aku iki nek tak lamun uga kerep neror lho? Ananging, aku iku neror bab kabecikan lho bro. Tuladhane ya? Aku iki guru ana ing salah sawijining SMP. Yen guru biasane kan maringi tugas karo muride ta? Nah, yen ana sing durung ngumpulke tugas mesti tak tagihi terus. Jare muridku, "Bu Linna iku neror terus kok."

Teror liyane tuladhane ana ing omah. Anakku lanang iku paling angel nek dikon adus. Adus nek ora lega ... uh, ora bakal gelem. Mesti saben sore anakku kuwi yen lagi dolanan karo kanca-kancane, sediluk-sediluk tak teror. Terore piye? "Le, ayo pakpung wis sore!" mangkono terorku. Ananging aku iki ora klebu anggota ISIS lho. Aku gur klebu anggota BUCIS yaiku IBU-IBU CRIWIS. Hehhehehehhehehe....






Rabu, 06 Januari 2016

Cerkak "Parmin lan Monggo"

Rabu, Januari 06, 2016 0 Comments
Ing sawijining dina, Parmin dolan menyang omahe kancane Bejo. Bejo kuwi kanca kenthele PArmin. Wong loro wis padha janjian arep dolanan layangan ing lapangan. Numpak pit alon-alon, Parmin ora krasa wis tekan ngarep omahe Bejo.

Ora kaya padatane, omahe Bejo sepi, "Hmmm... Lha kok kaya kuburan ngene, sepine ra umum." batin si Parmin. Parmin banjur mlaku tekan ngarep lawang omahe Bejo.
"Assalamu'alaikum, Jo.... Bejo." Parmin bengok-bengok ngundang Bejo. Ora ana wong nyauri, ananging Parmin krungu swara watuke Bejo.



"Jo.... Bejo..... Bejo...." Parmin mbengok maneh.
"Monggo... monggo ..." Akhire Bejo semaur. Let suwe ngenteni ing ngarep lawang, lawang ora gage dibuka. Ananging, Parmin krungu Bejo isih mbengok muni mangga.
"Hmmm, apa aku langsung mlebu dhewe ya?" batin Parmin. Parmin banjur mbuka lawang omahe Parmin karo ngomong, "Jo, aku mlebu lho, lawangmu tak buka."
"Monggo... monggo..." Bengokane Bejo.
Parmin mlebu ing omahe Bejo. Isih katon sepi. Ananging krungu swarane Bejo kang isih bengok-bengok muni mangga. "O.... wong sedeng tenan bocah iki, aku wis mlebu omah kok isih muni mongga-monggo." Parmin ngomong karo ngepruk gegere Bejo. Bejo kang dikepruk kaget.
"Lho, kapan kowe tekan kene Min?" pitakonanae Bejo bingung campur kaget. Parmin kang ditakoni uga melu bingung.
"Lhadalah Jo... Jo, lha kowe sing ngongkon aku mlebu mau. Aku ki wis neng ngarep omahmu suwe."
"Kapan aku ngongkon mlebu?" Bejo isih bingung.
"Lha, kowe mau nyauri salamku. Mangga... mangga. Banjur aku ngomong nek mbok kon mlebu, kowe uga nyauri mangga... mangga. Ya aku langsung mlebu wae." Parmin nerangna karo nirokake swarane Bejo.
"Oalah Min, aku iki mau ora krungu kowe teka. Aku mau bengok-bengok amarga ana kewan monggo iki lho pirang-pirang." Bejo ngomong karo ndelengake kewan monggo limang iji ing pluruhan kang dicekeli.
Parmin kang ndeleng kewan monggo mau mlongo sedela lan banjur ngguyu kemekelen. Wong loro pungkasan padha ngguyu bareng. "Eaalah, mung gara-gara monggo ta iki."
"Haaaa....haaaa...haaaaa"


Dening: Mu'linnatus Sa'dah, S.Pd

Cluwak, 6 Januari 2016

Selasa, 05 Januari 2016

Cerkak "Gara-gara Bangjo"

Selasa, Januari 05, 2016 0 Comments
Nalika kuwi wayah preinan sekolah. Tasya lunga ing omahe simbahe kang manggon ana ing kutha Kudus. Tasya minangka bocah kang wiwit cilik lair lan urip ing Jakarta, dadi dheweke ora patiya bisa basa Jawa.

Ing sawijining dina, Tasya mulih tuku bakso. Tekan omah ditakoni karo bu like.
"Dari mana Sya?" pitakonane bu lik. 
"Beli bakso lik, tapi baksonya kurang joss. Kurang maknyuss."
"Lha, tumbase ing ngendi?" bu lik takon karo penasaran.
"Itu lho bu lik dekat perempatan."
"Ooooo... bangjo itu ya?"
"Bukan...."
"Lha terus ing ngendi?" bu lik isih penasaran,
"Yang jelas bukan bakso bangjo. Tasya belinya itu dekat lampu merah sebelah balai desa."
"Lha iya kan betul. Bu lik tadi bilang bakso dekat bangjo."
"Bukan bangjo bu lik, Tasya lupa nama si abang penjual baksonya." Tasya isih ngenyel.
"Tasya sayang, bangjo kuwi abang ijo alias lampu merah."
"Oalah, Tasya nggak paham maksud bu lik tadi. Tasya kira bangjo itu namanya si abang penjual bakso. Hehehehe...."

Pungkasane wong loro ngguyu bareng nalika Tasya wis mudeng karepe bu lik yen bangjo kuwi lampu merah.